Alquran qodim Wahyu Minulyo Tanpo Ditulis Biso Diwoco Wejangan Guru Waskito Den Tancepake Ing Jero Dodo
Kumintil Ati Lan Pikiran Merasuk Ing Badan Kabeh Jeroan Mu'jizat Rosul Dadi Pedoman Minongko Dalan Manjinge Iman
Kelawan Alloh Kang Moho Suci Kudu Rangkulan Rino Lan Wengi Ditirakati Diriyadohi Dzikir Lan Suluk Jo Nganti Lali
Uripe Ayem Rumongso Aman Dununge Roso Tondo Yen Iman Sabar Narimo Najan Pas Pasan Kabeh Tinakdir Saking Pangeran
Kelawan Konco Dolor Lan Tonggo Kang Podo Rukun Ojok Ngasio Iku Sunae Rosul Kang Mulyo Nabi Muhammad Panutan Kito
Ayo Ngelakoni Sekabehane Alloh Kang Bakal Ngangkat Drajate Senajan Asohor Toto Dhoire Ananging Mulyo Maqom Drajate
Lamun Palestro ing Pungkasane Den Gadang Alloh Swargo Manggone Utuh Mayite Ugo Ulese
Ngawite Ingsun Nglarasa Syi'iran Kelawan Muji Maring Pangeran Kang Paring Rohmat Lan Kenikmatan Rino Wengine Tanpo Pitungan
Duh Bolo Konco Priyo Wanito Ojok Mong Ngaji Syare'at Bloko Gur Pintee Ndongeng Nulis Lan Moco Tembe Burine Bakal Sengsoro
Akeh Kang Apal Qur'an Hadise Seneng Ngafirke Marang Liyane Kafire Dewe Dak Digatekke Yen Isih Kotor Ati Akale
Gampang Kebujuk Nafsu Angkoro ing Pepaese Gebyare Ndunyo Iri Lan Meri Sugine Tonggo Mulo Mulo Atine Peteng Lan Nisto
Ayo Sedulur Jo Ngelaleake Wajibe Ngaji Sak Pranatane Nggo Ngendaleake iman Tauhite Baguse Sangu Mulyo Matine
Kang Aran Soleh Bagus Atine Kerono Mapan Seri Ngelmune Laku Thoriqot Lan Ma'rifate Ugo Hakekot Manjing Rasane
Al-Fatihah Dumateng Gus Dur!